Gurit Bumi Surabaya

Kamardikan bumiku Nuswantara
Kamardika, kamardikan iki endah tenan
Rasa lega, rasa ayem lan tentrem sun anthuk
Nanging,,,, Landa pancen kurang ajar
Pancen kebacut, bajingan !!!
Bajianan Kowe Landa
Ana nggendi atimu ?
O pancen kowe ra nduwe ati
Wis tega ngiak – ngiak bangsaku iki
Wis nggawe wutah e getih dulur – dulurku
Dulur – dulurku kang banget luhur ing budi
Mati,,,, merga Kowe, meraga Kowe !!!
Sewu nyawa ilang, ora bisa bali
Nangin, wis ora dadi nggapa
Amarga bangsaku iki
Bisa nggawe wirangmu
Kowe bali meyang negaramu
Ewa semana getih arum
Semebyar,,,, kebak ana kutha iki.
Kutha panas, anging pinggir Tanjung Perak.
Sing saiki saya moncer, moncer ngganggo
Jejuluk “ Kutha Pahlawan ”
Kutha Surabaya

Komentar

Postingan Populer