Ngudhi Kawruh

Gagat Enjang katon mrabawani
Kae Surya mungup ing tancepe langit
Sumirat abang ing wetan kae

Mula jagat kabeh kaweratan
Enjang iki kadya enjang
Kang wis kepungkur
Tangi saka impenku
Banjur manembah mring Gusti
Tak Bacutne nyuwun pangestu bapa biyung
Dak tilar desaku kanggo nggudhi kawruh
Kawruh kang bakal piguna mbesuk
Senajan awrat, mlampak tebih
Anangin aku tan kena lesu
Sekolahku, kang edi peni
Papan kanggoku ngeguru
Kanggo enthuk rupa – rupa 
Ilmu kang kadya kencana lan ratna

Komentar

Postingan Populer