Rasa Kapang
Kapang
iki banget dak rasa aning njero ati
Agawe
aku pengen bali menyang wanci kuwi
Nalikan
iku ingsung
Sik
dikudang dening bapa biyung
Sik
diemban bathik kawung
Di
lela – lela ledhung
Di
gadhang bisa urip mulya lan dadi wanita utama
Nggeluhurke
asmane wong tuwa
Uga
dadi pendhekare bangsa
Saiki
aku wis diwasa
Senajan
kapang iki banget dak rasa
Wis
ra piguna aku kapang mring wanci kuwi
Merga
tan bakal bisa aku bali
Kang
baku saiki aku kudu bisa, kudu bisa
Bisa
nggawe kekudangane bapa biyung kaleksanan
Amring
rene penggalih panjenengan kekalih
Komentar
Posting Komentar